KANCIL LAN MONYET
Biyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru banget critane.
Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek.
Hehehehe matur nuwun mugi crita wau nggadahi manfaat ingkang sae

“Nggawe layangan dewe”
Ing sawijingin dina ana bocah sing jenennge Danu.dheweke seneng sinau gawe dolanan sing tradisional.Sakwise mulih sekolah danu mlaku mulih karo kanca-kancane . Omahe Danu ora adoh saka sekolahane,kira-kira telung kilometer saka sekolahan . Ing tengah ndalan Danu ngerti mas Dodi lagi golek kayu . Banjur kui danu takon marang mas Dodi ,”arep gawe opo mas ?” .
”iki arep gawe layangan,gelem melu opomora ?” terange mas Dodi .
”yowis aku gelem melu gawe” wangsulane Danu
Banjur kui Danu lan mas Dodi mulai nggawe layangan .
’’mas,piye carane gawe layangan kui ?” takone Danu marang mas Dodi
’’ngene,kayune sing mau d golek kui di seset disik nganti dadi rodho tipis , cacahe 2 , banjur kui kayu sing bar di seset mau di gawe kerangka layangane , carane di gawe dadi kaya tanda ples ’+’ banjur kui bagian tengen lan kiwa ne di tali karo bagian ngisor , wis iso durung ?’’ takone mas Dodi .
’’wis mas , banjur kui di apakake meneh mas ?” .
”banjur kui bagian tengen lan kiwa mau yo di tali karo bagian nduwur kerangka mau , iso ta ?”
”sik mas” wangsule Danu karo nali kerangka mau .
”yen wis , banjur ngethok kertas koran di nggo nutupi kerangka layangan mau” terange mas Dodi
’’iki mas layangane wis dadi” wangsuke Danu karo ndudohake layangan sing di gawe dheweke .
Banjur kui Danu takon marang mas Dodi
”lha layangan sing di gawe mas Dodi kui arep di apakake mas ?”
”biasane tak dol ing ngomah , sakliyane aku dodol layangan aku yo dodol senar kanggo ngulukake layangan” jawabe mas Dodi .
”layangan kui mau di dol regane piro mas ?”takone Danu
”werna-werna regane , yen sing gedhe regane Rp.700,- yen sing cilik regane Rp.400,-”
”oalah.. yo lumayan yen ngnu mas” wangsule Danu .
”yo alhamdulillah , yowis layangan sing kok gawe kui mau gawanen mulih di nggo dolanan karo kanca-kanca mu mengko sore” .
”matur nuwun ya mas , saiki aku dadi iso nggawe layangan dhewe” wangsule Danu .
Banjur kui Danu nerusake mlaku mulih menyang ngomah . Sakwise tekan ngomah Danu crita marang ibu ne menawa dheweke di ajari karo mas Dodi gawe layangan
”Bu , kalawau kula dipun ajari kaliyan mas Dodi caranipun ndamel layangan lan kula sakniki sampun saged ndamel layangan piyambak” .
”Yo alhamdulillah . saiki dadi ngerti carane gawe layangan dhewe” .
”Nggih bu” wangsule Danu .
Ing wayah sore Danu menyang lapangan karo nggowo layngan sing di gawe dheweke karo senar layanagane . Sakwise tekan lapangan Danu ngulukake layangan sing di gawe dheweke mau . banjur kui kanca-kanca ne Danu teko lan melu ngulukake layangane Danu mau .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar